Rabu, 09 Oktober 2013

G e g u r i t a n

A. Geguritan asale saka tembung "gurit" kang duweni teges :
a) kidung utawa tembang
b) tulisan utawa tatanan kanthi paugeran tartamtu

B. Titikane geguritan :
1. isine menthes
2. lumrahe nganggo purwakanthi ing ukara-ukarane
3. ora kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
4. arang arang nggunakake tembung pangiket
4. ana kalane nggunakake tembung kawi utawa dasanama

C. Babakan kang kudu digatekake nalika gawe geguritan :
1. milih tema kanthi trep
2. nggatekake pamilihing tembung
3. bisa nganggo purwakanthi ing ukara-ukarane supaya katon endah
4. nggatekake paramasastra basane

D. Urutane gawe geguritan :
1. Kawiwitan saka temane apa
2. lagi nemtokake irah-irahan
3. nemokake gagasan baku
4. ngronce tembung supaya katon endah lan kepenak dirasakake


Tidak ada komentar:

Posting Komentar